Contoh Geguritan Bahasa Jawa Terindah Ala Abbas CH

Jika sampean adalah generasi 90-an, Anda pastinya tidak asing dengan Abbas CH. Salah satu pembawa cerita berbahasa Jawa di salah satu radio ternama di Jogja. Ddalam pembahasan artikel contoh Geguritan Bahasa Jawa ini, saya ingin mengawalinya tentang pentingnya sebuah bahasa. Lalu apa hubungan artikel contoh Geguritan Bahasa Jawa dengan bahasa?

Salah satu bentuk hadirnya peradaban adalah kekayaan bahasa. Semakin kaya sebuah bahasa, semakin sempurna pula sebuah peradaban.

Peradaban-peradaban itu kemudian melahirkan berbagai karya sastra yang bisa berwujud prosa, cerita pendek hingga puisi. Nah, pada kesempatan kali ini, penulis akan mengajak Anda mengenal puisi bahasa Jawa atau dalam istilah Jawa disebut geguritan.

geguritan
youtube.com

Pengertian Geguritan

Geguritan adalah puisi bahasa Jawa yang diciptakan para pujangga. Awal lahirnya geguritan pun sebenarnya sudah ada sejak masa kerajaan baik kerajaan Hindu-Budha sampai kerajaan Islam di tanah Jawa.

Pada masa kerajaan Islam sendiri, puisi juga menjadi senjata ampuh para walisongo untuk berdakwah. Kala itu, puisi juga dijadikan sebagai prosa (puisi berbentuk cerita pendek) juga dijadikan sebagai lirik lagu seperti yang kita kenal saat ini sebut saja Lir-ilir, Padang Bulan dan lain sebagainya.

Ya, bahasa bukan hanya sebagai seni semata. Lebih dari itu, bahasa dijadikan sebagai hegemoni untuk mempengaruhi keputusan setiap manusia.

Berbicara mengenai geguritan Jawa tentu tidak akan ada habisnya sebab keindahan di dalamnya. Keindahan geguritan bahasa Jawa akan membuat Anda bangkit dari kesedihan, mesra menyatukan sampai puisi yang berbentuk refleksi keislaman.

Keindahan geguritan Jawa sudah terbukti, bahkan hingga sekarang generasi muda masih terus menggandrungi geguritan-geguritan Jawa yang dahulu pernah dibacakan para tokoh di tanah Jawa.

Di sekolah-sekolah, seluruh siswa diwajibkan untuk membuat geguritan Jawa mengenai berbagai tema, ada tema pendidikan, alam, agama, sampai semua tema dijadikan inspirasi menciptakan geguritan Jawa.

Bila sudah menginjak SD, Anda juga pasti akan ingat bahwa geguritan bahasa Jawa menjadi salah satu lomba favorit setiap event PORSENI (Pekan Olah Raga dan Seni).

Geguritan Bahasa Jawa Ala Abbash CH

puisi bahasa jawa tema pendidikan
mahmudefendi.wordpress.com

Siapa yang tak kenal Abbas CH. Lewat pembacaan cerita berbahasa Jawa yang di dalamnya termuat contoh geguritan bahasa Jawa, beliau mempunyai penggemar sampai luar negeri khusunya warga Jawa yang tinggal di Suriname dan lain sebagainya. Sampai saat ini, banyak sekali yang rindu akan suara beliau.

Melalui Radio Redjo Buntung, beliau mampu memikat ribuan rakyat Yogyakarta melalui pembacaan cerita bahasa Jawa. Uniknya, dalam pembacaan cerita Bahasa Jawa tersebut juga terselip contoh geguritan bahasa Jawa yang indah.

Selain keindahan geguritan yang diciptakan Abbas CH, dari tokoh tersebut Anda juga akan mengingat ciri khas suaranya yang merdu ketika membacakan contoh geguritan di dalam cerita, bijaksana nan berwibawa. Dengan ritme yang syahdu, Abbash CH berhasil melambungkan pembacaan cerita dan Geguritan Bahasa Jawa menjadi acara favorit.

Abbas CH merupakan salah satu tokoh yang berhasil dalam hal melambungkan sastra di tanah Jawa. Tentu yang lain juga masih banyak nama-nama para Penggurit. Anda bisa bertemu mereka baik di Pekan Seni Jogja, ataupun di komunitas seperti Tembi, Taman Budaya Jogja dan tempat-tempat seni lainnya.

Mengenai Abbas CH, bila Anda menekuni sebagai penggurit, salah satu nasehat beliau adalah “Yen wes entuk jeneng, mesti bakal entuk jenang”. Nasehat tersebut tentu saja mengandung sebuah pesan untuk bersabar dan berproses menyempurnakan ikhtiar.

“Yen wes entuk jeneng, bakal entuk jenang”

Oleh karena penulis sangat mengagumi karya yang diciptakan Abbas CH, contoh-contoh geguritan di bawah ini adalah contoh geguritan yang penulis buat sendiri. Ya, contoh-contoh geguritan di bawah ini banyak terinspirasi oleh Abbas CH.

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Agama

Mripatku kethap-kethip nyawang langit saka pinggir tendha

Lintang kang mung siji loro ora bisa gawe padhange wengi kang sepi

Gusti, amemuji sedaya naming kagem Panjenengan

Mugi paring paduko padhange margi

Wayah Wengi, 25 Ramadhan 1437 H

 

Contoh Geguritan; Ngapuro

Nyawang clemloroting lampu seko nduwur gunung

Ngerasa awakku cilik temenan

Atiku ciut, kroso awakku digebyuri dosa

Atiku arep nangis koyo diiris-iris

Ngapuro Gusti…

Ngapuro…

Dalem namung tiyang kang lemah..

Kang boten saged mlampah piyambak..

Gusti..

Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil..

Tansah kegoda kesenengan donya..

Gusti..

Hamung siji panyuwunku..

Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti..

Duh Gusti..

Tengah Wengi, 10 Agustus 2016

NGOLAH RASA

Ening…………..
Ing antarane godhong-godhong
Kang obah katerak sumilire
Angin sing kanthi alon-alon
Bebisik saranduning urip

Enengke cipta
Sawuse lakune raga
Ngeling-eling kanti wening
Sadawane dina sing kebacut kagawa

Kaseksen rembulan abang
Ing duwure wit klapa
Batinku miyak obahe wektu
Ngetung lakon lan panandang

Ndak rasa ing jiwa
Miyak grumbule ati
Kanggo nglari ing tembe buri
Supaya tan kena pati sejati

Tangan ngapurancang
Luh tumetes ing pipi
Nggetuni solah bawa
Kang kurang trapsila

“ Duh Gusti kang maha kuasa
Lumuntura sih pangapura
Dumateng kula menika
Engkang kebak dosa landuraka”

J Sumarto,16 10 15

SepiMu

SepiMu ing wengi iki pingin tak rebut
Muspra kangenku sakwentara kerut
Ing ilining pang-angen2 kang semrawut
Nyrimpung impenku sansaya mabrut.

SepiMu dudu sepi kang muspra
Kepara malah dadi tambane ati lara
Adyan perih ing dhadha tan kawistara
Pucuk wengi iki sepiMu dadi selarik ukara.

SepiMu dadi sansaya sepi kang wigati
Tinampa muga nuntun ing sepi sejati
Kemul ing sepiMu pasrah mring Gusti
Tak rebut nganti benjut tekan ing pati

(2.8.16)

Contoh Geguritan Bahasa Jawa tentang Sosial

Dumadakan gelungan blangkonku tak uculi

Kerisku tak tarik ngasi aku dewe blereng ndelokne

Rasane dino kui aku pengen nesu temenan

Mripatku menthelengi siji-siji kanthi panasing ati

Ora ono sek wani mandheng aku

Rasajroning atiku mobal-mobal koyo geni kang panas bar disumet

BULL… Suarane nggebug ati

Tanganku nggegem rasa-rasa pengen ngantem tembok gedhe ngasi ambrol

Wesi-wesi tak lumat, tak bengkokke lan cagak-cagak koyo tak oncalke pating awang-awang.

Aku nesu, aku mobal-mobal, 1 Agustus 2016

Geguritan Bahasa Jawa tentang Pahlawan

Bisa

bisa ngaturke geguritan ing RRI Ngayogya
Andum rasa nganggit gurit kemul budaya
Swara prasaja ing pucuke dina Selasa
Gayeng regeng sansaya asri dimen rinasa

Nadyan sethithik guritku wis mancik
Mancar ing angkasa kanthi becik
Gawe seneng tumrape wong cilik
Lewat swara ngenglo guritku rinacik

Seneng bisa matur lewat siaran langsung
Sastra Jawi murih becik sakalangkung
Geguritan sinartan pangolahing tembung
Tan lali ngudi budaya jembar sakdhuwuring gunung
(24.8.16)

Geguritan Bahasa Jawa tentang Persahabatan

SA UNGKURE TAUN WINGI

Urip sumende ing pangangen-angen
Ngalor ngidul kaya wong ngengleng
Ngetan ngulon amung dadi gunem
Tanpa melu catur, amung bisa mingkem

Ndak tutup laku kelakon
Sing wis ora katon
Bingung mung bisa nonton
Ngayahi dalan amewaton

Ndak urut purwaning urip
Kang tansah ngigit-igit
Nganti pungkase sasi
Rasane amung semangit

Ing undure taun
Rasa getun keduwung
Kudu bisa katutup ing suwung
Nyingkiri jiwa kang gemblung

Saungkure warsa……….
Aku musti mbabar mangsa
Anyar, kanti jiwa kang amba panampa

Godhonh-godhong kuning wus rontok
Ginanti semine pucuk
Kang ijo royo-royo
Nggawa bun wayah esuk

Bebarengan tukule surya
Geberku wis tak wiyak
Jumangkah kanthi teteg lan waspadha
Supaya nora tumiba ing dursila lan culika

J Sumarto 09 01 015

NUNGGU PENGAREP-AREP

Menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih nunggu pengarep-arep
Menawa besuk tan bisa ketemu
Bakal dak tampa pepestening uripku

Dak angen-angen ing wektu mbesuk
Gandeng rerentengan bebarengan
Napak siji mbaka siji lumaku
Ngadepi wengis obahing panguripan
Sing dadi reroncene tembang saben dina

Menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih duwe pengarep-arep
Bisa nyawang pasuryanmu
Kang kebak esem nyala wadhi
Sing nuwuhke gedhe pitakonku
Apa sliramu isih nyimpen atiku kang gempil

Sak iki sliraku amung bisa ngadang wewayanganmu
Jrone panendraku kang kebak rasa kangen
Kalane kuncungku wis malih putih
Lan lumakune waktu sansaya cepet
Gawe tangise ati kasampiran waspa

Mbok menawa wit gedhe pinggir kali tengah sawah
Isih bakoh ngancani sliraku
Lan ngayomi lakuku sing katerak rasa
Nalikane nunggu wangine kembang ati
menawa besuk aku isih neng kene
Merga aku isih duwe pengarep-arep
Ketemu lan nyawang esemu

J Sumarto, 29 3 2015

SANGANGPULUH KURANG TELU

Yen ta pun kakang nyabrang penganggon nyingkrang cilik selegence nyongklang pernah’e benik saben pethuk Wong mithet irung karo mendelik mung jalaran nyabrang endha dalan bubrah ing kasebat kaprah
Napak pandulu ngetut laku nyampar ngebal barang kliru
Apa si adhi uga bakal clathu aku wolupitu?

Yen si adhi ngener sipat weruh tamat pangakon wakil rakyat nginum banyu nikmat dhahar sate granat
Yen si adhi ngener sipat weruh tamat panganggon klambi drembel pangkat pangakon pejabat pembuat Maklumat tindak nyimpang nyingkur keblat sibuk rapat soksosialisasi eska maksiyat turut hotel tumpuk pitu Bermenu ayam kampung berumur pantaran putu
Apa si adhi uga wani cluluk sangangpuluh kurang telu

Grenjet Banget 190716

Geguritan Bahasa Jawa tentang Lingkungan

Plesir ing Purbalingga

Udan gerimis tan uwis uwis
mbuwang rasa sebel sawetawis
nyambung tresna tanpa lamis
Ing Purbalingga sliramu wasis

Muga sirna cidra dina kepungkur
murih ati tinanem rasa syukur
tresno mring kluarga nambah akur
Ing Guwa Lawa papan misuwur

Nadyan selarik bisa rinakit gurit
Ilang musna rasa gela lan sakit
datan suka srei swara nylekit
SMA Negri Karangdowo sansaya mlejit

Iki wis dadi tekat ing janji
murih kabeh kadang sami nyawiji
akur luhur ngudi budi pakerti
sinangkuyung sagung warga mesti

Syukurku mring Gusti Pangeran
sagung warga tansah kasembadan
tan mingkuh mring sewu pakaryan
tangguh ing kewuh becik ing kwajiban

(7.8.16)

Esuk

Esuk iki,
Gimah,gini lan giman ,
Bar sarapan nyruput wedang,
Maring sawah nora ngitung wayah.

Tumandang gawe buruh tani maring bu khatijah,
Matun lan gawe gubug tunggu manuk.

ENTHUNG

Enthung……………..
Uripmu amung gumanthung
Ing tengah-tengah godhong kumalungkung
Obah ngawur tanpa ana pethung

Patrap lan solahmu du kina
Katinggalna tanpa kuciwa
Kagawa rasane yuswa
Kang tanpa tanja susila

Enthung……….
Endi lor endi kidul
Tukmu golek arah dalane ywang maha agung
Katutup rasa jiwa kang suwung
Kalane mangsa muda kang bambung

Enggal wedara saka tapa brata
Lukar busana kebak cahya manjila
Sesepen sari madune kanti tembang puji lan puja
Snajan amung sakedepe netra bagaskara

J Sumarto,

Geguritan Bahasa Jawa tentang Negara

PRESIDEN

(Diarani cumantoko mangga kersa, jalaran ukara iki ambrol kaya lubering segara tanpa kuwawa ngrekso)

Kabeh pancen wus dumadi
Jangkaning jagat tan bisa diselaki maneh
Panyakrabawa, pangarep-arep
Pancen ora jumbuh karo gegayuhan dek wingi uni

Kabeh wus dumadi
PRESIDEN ngadek mandegani praja diraja asilap kacanegara
Tan prabeda ratu timur mbangun
BALAI SIGOLO

Kabeh pancen durung kewaca
Iku abang ijo utawa biru
Nanging jangkaning jagat
Tan bisa diselaki, ya iki
Jaman KALA CUBRIYA

Panguasa pada suwala ing janji
Ilang rasa pangrasa marang kawula
PRESIDEN amung paring sanggan tanpa kaluwihan
Kanggo migunani kawula alit

Kabuh amung butuh mejeng
Kareben disawang kajen
Tanpa nggawa pangerten negari
Nuswantara kang suci

Geguritan Bahasa Jawa tentang Cinta

BUNGA BANGKAI

Jeng,……………
Coba pirsan ana
Taman sangarepmu
Satengah-tengahe panguripanku

Sakehe kembang-kembang
Warna-warni ujud lan rupane
Gandane wae sumrebak arum ing irung
Bisa gawe getere ati sing nyawang,milut

Nanging aku ora bisa nampa
Atiku ora kepilut ing warna
Aku ora ketarik dening arume gandha
Sing mung saklebatan

Jeng………..
Najan wong padha ujar
Gandhamu badhek ambumu kecing
Sing marai sirah pening
Nanging atiku kepilut sliramu

Tuk ku nunggu tuwuhe sliramu
Wis pirang-pirang warsa
Aku ngenteni punjul saka seprapat abad
Mung kanggo sliramu katresnanku

Dudu rupamu sing tak arepi
Dudu gandamu sing wangi
Aku butuh atimu
Aku pengin duweni katresnanmu
Kanggo ngisi uripku tumeka puputku

J Sumarto, 19 03 16

ABANG BIRU

Kaya dene werna abang semu ireng
nggaris tumandes sak njeroning ati
mambu ganda bacin ngambar-ambar
kasaput samirana

Kahanan wis ora bisa ngracik ukara trisna
sing tansah ngiwi-iwi
apa maneh gawe tembang asmaradhana
rasa pangrasa wus sirna
bareng remuk rempuning ati iki

Raga tuwa
wus ilang daya upayane
cahyaning ora katon padang maneh
kaya wingi uni

Raga tuwa
wus lungkrah guwayane
saiki hamung kasampir ing pinggiring kori

Tuladha,budhi,panggula wentah
wus ra ana pangaji-aji
anane hamung pandulu netra nista

Katresnan wis ilang ing pandulu
kawur mabur ing angkasa
kacepit mega biru

Sanak kadang putra wayah
wus ilang ing rasa pangangen-angen
Wewayang sepi tansah kasanding
rina kalawan wengi

Padange kahanan ora katon maneka warna
anane hamung biru klawu
kaya birune ati kang lagi suwung

Raga tuwa
wus semplah kantaka tanpa kanca
mangantu-antu pujastawaning Gusti
ing pasingidan kang pungkasan

(Panti Werdha Semarang)

Pendhak minggu pon.
Biyungku ajeg kandha.
Iki wetonmu le.
Padha a kowe memule
Sadulurmu papat lima pancer.
Dimen bener lan pener lakumu.
Dimen nora sasar lan keblinger pikarepanmu.
Keh jalmi padha melik hanggendhong lali.
Ajwa ya ngger niru wong mulya kang kebak sulaya.
Cidra janji ngianati bangsa.
Wani mbalela…ngrusak negara.
Embuh kuwi sarjana kang mumpuni.
Embuh kuwi kyai ustadz guru ngaji kang makaping-kaping katam Qur’an lan apal isi sarta maknane kitab suci.
Ngedoha kowe ngger marang Guru kang nora bisa digugu lan ditiru.
Guru sejatimu ning awakmu dewe sarta mung Allah kang murba masesa.
Jejera lan wong jujur.
Jujugana wong kang jejeg.
Sembada waspada ngati-ati le.
Ajwa lali purwa duksina.
Ajwa rumangsa bisa.Ananging bisa a rumangsa.
Nadyan ta suk bojomu saka wong sudra.

Geguritan Bahasa Jawa tentang Pendidikan

Ora Pingin

Ora pingin nulis perkara kamardekan
Nyatane iki wis dadi bukti kasunyatan
Subasita tatakrama kadya pahlawan
Budi luhur kemul jujur dadi kewajiban

Pahlawan kang wis tinulis ing sejarah
Ojo mbok obak-obak kadya mecahke sirah
Gelem laku becik disimpen ing pucuk ati
Dimen suci sinawang siang lan latri

Yen bisa ojo mung waton pinter
Ngudiyo pinter kang wewaton adi
Ngerti tumindak olo kudu sinengker
Becik gelem ngalah menang ing mburi

Zaman iki nyata wis wolak-walik
Ora ono rasa wegah luwih2 sesirik
Adat Jawa mulya wis tinampik
Budi luhur luntur; rasa angkara dilirik.

Sewu rasaku tinulis dadi gurit tipis
Rinakit ing kene tan uwis-uwis
Tandang grayang kasar tinangkis
Dadi ukara gantine wicara ngeciwis

Geguritan Bahasa Jawa tentang Perpisahan

Eling geguritan lawas
Nanging mboten jangkep syaire
Mbok menawi wonten seng ajeng jangkepi sumonggo…
Kirang luwihe mekaten…

SOPO KONDHO

Sopo kondho jare urip iku mung mampir ngombe
Kui rak jarene wong gerang kang wus anguk anguk lueng kuburan
Awit dhewek e wus bosen sakehing lelakon
Ing walike tondo pitakon kari ngrangu timbalan kang maton

Sopo kondho jare urip iku sawijining perjuangan
Kui rak jarene wong wong kang durung biso ngregem lintang
Awit dhewek e ………..?
Datan kengguh sakehing kewuh tan mingkuh brojolan teluh

Sopo kondho urip iku sawijining pangimpen
Kui rak jarene bocah bocah bambung pinggir kalen
Awit dhewek e luweh kesengsem edi endahing karang kawidodaren
……….?

Sopo kondho jare urip iku sawijine paseksan
Kui rak jarene wong prapiman …….?
Awit dhewek e hamung tumadhah tangan kemlawe
………….?

Sopo kondho urip iku mati
Kui rak jarene wong kang……..?
………..?
Trus urip iku piye? Urip iku sakabehe

(18.8.16)

Tips Membuat Geguritan Bahasa Jawa

Membuat geguritan Bahasa Jawa memang tidak mudah, namun juga tidak sulit. Semua bisa dilakukan asal ada kesungguhan. Puisi tentu saja menonjolkan dari segi keindahan bahasa, selain itu juga bermain banyaknya kosa kata.

Bahasa Jawa sendiri mempunyai banyak persamaan kata, di dalam istilah Jawa biasa disebut sebagai dasanama. Dasanama merupakan kumpulan sinonim-sinonim per kata yang  maknanya sama.

Bila Anda ingin membuat geguritan, maka alangkah lebih baiknya Anda menyiapkan kamus untuk mencari dasanamanya. Anda bisa memilih kata yang tepat saat membuat geguritan.

Itu yang pertama. Kedua, geguritan bahasa Jawa indah juga karena kejujurannya. Kejujuran bahasa memang tidak bisa menipu. Terbukti, contoh-contoh geguritan yang selama ini sangat indah sarat mengandung unsur kejujuran. Ya, jujur itu indah.

Selain kejujuran itu mengandung banyak keindahan. Kejujuran juga merupakan sarana terampuh untuk meluapkan isi hati. Dengan kejujura bahasa, contoh geguritan bahasa Jawa yang Anda buat akan langsung mengena di hati para pembaca.

Pentingnya menulis geguritan itu dapat diibaratkan seperti menembak. Ya, penembak jitu tentu mengincar hati (perasaan) atau kepala (pikiran). Artinya, contoh geguritan bahasa Jawa yang baik adalah geguritan yang bisa masuk ke relung hati dan terkesan hingga membayang-bayangi pikiran.

Tips ketiga bagaimana membuat geguritan bahasa Jawa adalah penegasan kata. Jenis tulisan fiktif adalah menjelaskan sedetail-detailnya. Maksudnya, setiap kata atau kalimat demi kalimat harus bisa menjelaskan suasana dan kondisi yang sebenarnya.

Maka dari itu, penulisan geguritan bahasa Jawa memerlukan penghayatan yang dalam, penguasaan lapangan serta wawasan yang luas. Selain itu, geguritan bahasa Jawa juga baik menggunakan kata-kata yang memiliki wibawa. Kata-kata ini bisa ditambahkan pada judul seperti, “Sumpahku, Sumpahmu., Ngulandara, Anteping Tekad, dan Kumpuling Balung Pisah.”

Keempat. Panjenengan juga bisa melatih membuat geguritan bahasa Jawa dengan mendengarkan pembacaan-pembacaan buku bahasa Jawa. Kegunaannya sangat banyak, di antaranya dengan banyak mendengar cerita bahasa Jawa, panjenengan bisa secara tidak langsung belajar ritme dan nada pembacaan. Otomatis ketika membuat geguritan bahasa Jawa Anda bisa mempraktikannya sesuai kebutuhan kata.

Selain itu, dengan banyak mendengar Anda juga akan kaya kosakata. Hal ini sangat epnting mengingat di Jawa sendiri ada istilah dasanama yang artinya 10 kata yang maknanya sama. Lebih dari itu, Anda pun secara tidak langsung belajar menjadi pembaca. Suara Anda perlahan-lahan akan enak di dengar karena pathokan Anda adalah para penggurit yang sudah professional.

Waosan Buku Basa Jawi Kaliyan Abbas CH

Generasi 80-90 mesti ora bakal lali kaliyan Abbas CH. Salah satunggaling penggurit engkang suarane gawe kangening ati, aji wibawa lan ritme engkang endah. Caryos2 engkang marai tentrem tur yo lucu gawe ngguyu. Kadang yo nesu-nesu tur yo kathah pitutur kesaenan. Dalan caryos engkang gawe ndredeg tur jebul akhire gur mak “kluthik”

Hambok bilih menawi panjenengan badhe midangetaken, kula aturaken sumonggo.

sugeng midangetaken, nuwun.

Tinggalkan komentar